Monday, November 21, 2016

Contoh Wawanrembug

Nama : Ria Risqa Choiria
               Khoulin Sakila
Kelas : VIII A - MTsN Tulungagung


CARANIPUN NINGKATAKE HASIL PERTANIAN

Reporter       : Kados pundi caranipun ningakataken hasil pertanian?
Narasumber : Carane nganggo lima penyebab yaiku:
                      1. Papane sae,2. Toya nyukupi,3.benih ingkang unggul,4.pupuk berimbang,5.diopeni
                       Hamane.
Reporter        : Kados pundi caranipun nanem taneman pantun?
Narasumber  : Kang kapisan,milih bibit unggul.Trus bibit direndem banyu 2 wengi punjul se dina,
                        bubar mengkono di pep ing njero kebo se dina sewengi.
                        Kang kapindo,sakwise winih thukul disawur ing papan kang wis di sediakne.
                        Kang ketelu,yen wis umur 25 dina ditandur ing papan kang wis digemburake lan okeh
                        banyune.
Reporter        : Saking pundi biasanipun angsal toya irigasi?
Narasumber  : Biasne oleh banyu irigasi saka LODAGUNG.
Reporter        : Piranti punopo kemawon kagem nggemburaken siti?
Narasumber : Yen cara tradisional biasane gawe paculutawa traktor tenaga kebo,nanging yen cara
                       modern biasane gawe traktor mesin.
Reporter        : Sae pundi pupuk kompos kaleh pupuk kimia ?
Narasumber  : Pupuk kimia iku luwih cepet nyuburne taneman,nanging nyebabake lemah
                        humus tipis.Yen pupuk kompos,iso nyuburake taneman nanging ora cepet koyo
                        nganggo pupuk kimia.Pupuk  kompos iso nggemburaken lemah jangka suwi lan ora
                        nyebabake lemah humus tipis.
Reporter        : Omo punopo kemawon ingkang asring ngrisak taneman pantun?
Narasumber  : Kang biasane ngrusaki yaiku walang sangit,lan wereng.nanging kang paling
                        mbahayani yaiku jamur upas.
Reporter        : Damel obat punopo kagem damel mbasmi omo?
Narasumber : Bisane yen hamane walangsangit nganggo obat MATADOR,lan jamur upas nganggo
                       DARMABAS.
Reporter       : Umur pinten taneman pantun saget dipun panen?
Narasumber  : Iso dipanen yen umure sekitar 90 dina utawa 3 sasi saka umur tandur.

NARASI
Caranipun ningakataken hasil pertanian inggih punika  damel  gangsal penyeba
1. Papane sae     
2.Toya nyukupi           
3.Benih ingkang unggul          
4.Pupuk berimbang                                                               
5.Diopeni hamane.

Caranipun nanem taneman pantun nggih punika : Kang kapisan,milih bibit ingkang unggul.Saksampune milih bibit ingkang unggul, bibit direndem toya kalih dalu punjul setunggal dinten, lajeng dipun pep wonten sak setunggal dinten. Kang kaping kaleh,saksampune winih thukul Winih,disawur wonten papan ingang sampun dipun sediakaken.Kang kaping tigo, winih ditanem wonten papan kang sampun digemburake lan katah toyane umur 25 dinten.pantun saged dipun panen yen umurepun sampun sekitar 90 dinten utawi 3 wulan saking umur tanem.
Biasanipun,petani saking Tulungagung angsal toya irigasi saking LODAGUNG.Caranipun nggemburaken siti  tradisional damel pacul utawi traktor tenaga kebo,ananging  caranipun nggemburaken siti modern nggih puika damel  traktor mesin.Pupuk kang dipun damel petani inggih punika pupuk kimia lan pupuk kompos.Pupuk kimia niku  aluwih cepet nyuburaken taneman,ananging nyebabake siti humus tipis.Yen pupuk kompos,saged nyuburake taneman ananging mboten cepet koyo ndamel pupuk kimia lan saged nggemburaken siti humus jangka panjang.

Hama ingkang asring ngrisak taneman pantun inggih punika walang sangit,lan wereng.Ananging ing kang paling mbahayani inggih punika jamur upas. Bisanepun hamane di basmi damel obat ingkang cocog . Walangsangit damel obat MATADOR,lan jamur upas damel  DARMABAS.

0 comments:

Post a Comment