Monday, November 21, 2016

Contoh Wawanrembug

Nama : Umi Mardiyah
              Prisma Dewi Aninda Putri
Kelas : VIII A - MTsN Tulungagung

Dialog wawanrembug

Peliput
:Nyuwun pangapunten,panjenengan punapa sampun lodhang.?
Nyuwun wekdalipun sekedap badhe wawanrembug.
Narasumber
:Oh..ya….sing dhewingi to.. Ayo langsung diwiwiti wae…!!
Peliput
:Menapa kemawon ingkang kedah dipun persiapaken sakderengipun nanem jagung.??
Narasumber
:Oh… biasane sak durunge nandur jagung kudu nyiapne lahan kanggo nandur,      winih sing apik lan alat-alat kanggo nandur.
Peliput
:Kados pundi cara nipun nanem jagung ingkang sahe niku pak…??
Narasumber
:Pertama: lahan kang wis siap mau di siram. Sawise iku lemah di bolongi karo kayu dawa (gejik). Lemah kang wis dibolongi mau, dileboni winih kang wus di siapake. Bubare winih kuwi di tutup awu supaya tanahe lembab lan tukule apik. Sawise tukul godhonge di sawur paradan kanggo nyegah hama uler. Kurang luwih 2 minggu ditaburi pupuk lan disiram. Sak tekane panen,jagung mau dipupuk kurang luwih ping 3.
Peliput
:Wonten pundi anggenipun nanem jagung ingkang sahe niku..?
Narasumber
:Sing paling apik, jagung kuwi ditandur ing sawah dataran tinggi.
Peliput
:Kados pundi pengairanipun nanem jagung punika Pak….???
Narasumber
:Wo..iku ora mesti, tergantung musime. Menawa musime rendeng, jagung ora sering di siram. Tapi menawa musime ketiga, jagung kudu sering disiram.
Peliput
:Inggih Pak… wonten punapa jagung punika kok saget gagal panen..??
Narasumber
:Salah sijine hama kewan, kaya dene tikus, walang, uler, lan sakpiturut.
Peliput
:Menawa panenipun jagung umur pinten Pak…??
Narasumber
:Ora mesti, paling cepet jagung 3 sasi wis panen. Paling suwe 4 ½ sasi.
Peliput
:Kados pundi caranipun supados hama jagung saget dipun tanggulangi..??
Narasumber
:Oh… kanggo nanggulangi kuwi jagung di semprot karo insektisida supaya hamane pada mati.
Peliput
:Wah informasi panjenengan sampun jangkep. Kula tambah pangertosan bab pertanian jagung. Matur suwun sanget pak. Mugi-mugi amalipun panjenengan saget barokah

NARASI
Sakderengipun nanem jagung ingkang sahe kadah wonten persiapan: (1 )lahan kagem tandur. (2) winih ingkang becik. (3) alat-alat kagem nandur saha pengairan ingkang sahe. Caranipun nanem jagung ingkang becik kirang langkung inggih punika: (1) lahan dipun siram rumiyen. (2) ndamel bolongan kalih  gejik. (3) bolongan ingkang sampun dipun damel, dipun isi kaliyan winih ingkang becik. (4)sak lajengipun dipun tutup kaliyan awu supados sithinipun lembab. (5) sak sampunipun jagung tuwuh, lajeng di pupuk saha di siram. Nanem jagung ingkang becik punika wonten dataran tinggi. Pengairanipun jagung miturut keadaanipun musim.   musim rending jagung mboten kerep dipun siram ora kerep , tapi menawi musem ketiga jagung kedah kerep dipun siram. Sebab ipun  gagal panen jagung inggih punika hama , kados: (1) tikus. (2) walang. (3) uler lsp. Jagung saget dipun panen  kirang langkung  3 wulan utawi 4 ½ wulan. kagem mrantasi hama jagung kedah dipun semprot kaliyan insektisida supados hamanipun ical

0 comments:

Post a Comment