Friday, October 4, 2013

Contoh Pidato Bahasa Jawa Tema Kemerdekaan


KEMERDEKAAN INDONESIA
Assalamu’alaikum Wr. Wb
Alhamdulillahirrobbil’alamin, asholatu wassalamu ‘ala asrofil ambiya’I wal mursalin, saidina wamaulana muhammadin, wa’ala alihi wasohbihi ajma’in, amma ba’du.
Para Bapak lan Ibu Guru ikngkang kula hurmati, saha rekan-rekan sebangsa lan setanah air ingkang kula tresnani.
Saderengipun sumangga kula lan panjenengan sedaya samiha nglahiraken raos puji syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT. Ingkang sampun paring rahmat, taufik saha hidayah dating kula lan panjenengan sedaya. sehingga wonten ing majelis munika, kagem mengiti dinten kemerdekaan Republik Indonesia ingkang kaping 68, mugi-mugi kerawuhan kula lan panjenengan sedaya dipun catet dining Allah SWT minangka dados amal sholeh kula lan panjenengan. Aamiin
..
                ingkang kaping kalih,, mugiha tambahipun rahmat lan salam bahagia Allah tetep dipun limpahaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, saha para ahli keluarga lan sohabat ipun.
                Kaping tiganipun, kula matur nuwun dumateng sederek pembagi acara ingkang sampun paring wekdal dating kita kanggo mengisi wontenipun acara menika mugi-mugi wekdal menika saget kula ginakaken ingkang sak sahe-sahe nipun.
                Para rawuh ingkang kula hurmati
                Allah SWT sampun paring nikmat dating para kawulanipun menika sampun katah sanget , sehingga mboten saget kita itung.
Para rawuh,,!! dene termasuk salah stunggalipun nikmatipun  Allah ingkang ageng dipun paringaken kita bangsa Indonesia, inggih menika nikmat kemerdekaan ingkang dipun plokamiraken tanggal 17 Agustus 1945. Ngantos  dinten menika kita peringati.
Para rawuh ingkang kula hurmati..!
menawi kita ngemut-ngemut sejarah Bangsa Indonesia sak derengipun merdeka, menika pinten-pinten tahun dipun jajah dening bangsa asing, ing Indonesia mboten anggadahi kebebasan,gih menika dipun jajah dining belanda lan jepang. nagantos pinten-pinten tahun rakyat Indonesia urip ing ngisore cengkraman kaum penjajah. rakyat Indonesia mboten anggadahi kebebasan, mesti ditindas lan dipun aniaya dining bangsa asing. sehingga berkat sifat rahman rohim Allah SWT lan  kiat ugi kanti semangat ipun para pahlawan lan para pejuang bangsa Indonesia ingkang giat lan gigih, pantang mundur, para pejuang kita saget ngalahaken para kaum penjajah sehingga tepat tanggal 17 Agustus 1945 bangsa Indonesia memproklamasikan dinten kemerdekaan Indonesia.
Para rawuh ingkang kula hurmati..!
kngge ngisi kemerdekaan punikaan, kita mingka siswa-siswi Indonesia manga sesarengan nggadah rasa social dumateng pepadha. rasa social menika saget kiat wujutaken kados :
1.       paring ninuratan wonten gu-guru , tiyang sepah, luwih-luwih pahlawan bangsa kita.
2.       sami nlahiraken budaya utawi nilai-nilai tradisi bangsa ingkang kinakar saking daerah, nggih kados bahasa jawi menika.
3.       njagi kautuhaning persatuan saha kesatuhan bangsa lan negara.
menawi tiga menika minimal sampun ditindakaken kaliyan pemuda-pemudi bangsa Indonesia insyaAllah kemerdekaan menika saget dipun raosaken dening sedaya masyarakat Indonesia. amargi sakmenika budaya globalisasi sampun kathah anjalar wonten jiwaning pemuda-pemudi Indonesia mula budaya global ingkang negative punika cepet saget ngrisak molaring anak negeri. ingkang penting kita kedah njagi persatuan kaliyan generasi muda sami wonten saindenging nuswantara saha mboten ambeda-bedaaken sedherek-sedherek kita supados nagari Indonesia saget gemah ripah loh jinawi saha dados andakara wonten donya punika.
sedherek-sedherek ingkang minulya..
kula kinten sampun cekap ingkang saget kula aturaken. mugi-mugi saget bermanfaat dhumateng pribadi kawula khususipun lan umumipun dumateng panjenengan sedoyo.
ana manten mangan srikaya, mangan kupat di bumbu santen
cekap semanten atur kawula, menawi lepat nyuwun pangapunten
Wassalamu’alaikum Wr. Wb



1 comment:

  1. Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur, nyuwun pangapunten.

    ReplyDelete